![]() |
| Bawor (www.wayang.wordpress.com) |
Kulanuwuuun…
Kambi gigire sendean sakane bale umah, lik Karjo njagong
slonjor, dhengat-dhengut kosindingkluk pisan. Deweke agi nunggoni gabaeh sing
de-pe neng pinggir gili, mbokan kosi de-thotholi ayam-e tangga sing padha saba.
Saking aripe, mbok menawa merga keselen esuke bar ator pring nggo nggenti pager
jaro iring wetan umah sing wis padha bonto, lik Karjo dadi keturon.
Agi enak-enake turu, lik Karjo jenggirap tangi, krungu putu
lanange celuk-celuk njaluk duwit, weruh ana bakul es thung-thung liwat.
De-slonongi dhuwit klening limangatus perak, putune madan mbesengut. Naminge
bosa weruh matane lik Karjo sing abang merga bar tangi turu, bocaeh madan wedi
dadi meneng bae kambi nampani duwite.
Kambi ucek-ucek mata, lik Karjo ndeleng jam sing cemanthel
nang nduwur lawang. Wektu kuwe tegin jam loro awan, naminge langit nang iring
lor wis katon peteng. Kewatir mbokan kosi udan, lik Karjo gegen menyat agep
ngentasi memean gabaeh. Tembeke madhaih gabah urung olih setengah kandhi acan,
kang Rasmad ndilalaeh liwat. Deweke dadi mandeg, banjutan melu ngrewangi lik
Karjo madhaih gabah meng kandhi. Rampung dewadhaih, kandhi sing isine gabah
garing kuwe banjutan de-tumpuk neng padon bale, pipir kursi tamu.
Sewise rampungan, lik Karjo ngomong : “Geh, aja lunga dhimin,
ngeneh njagong ngaso, medang-medang dhimin mbatiri inyong. Kebeneran kae inyong
agi ngrawun gedhang Rajabandung koh...! Oh iya, agepan medang kopi apa teh…?”.
Krungu detawani ayakuwe, kang Rasmad semaur : ”Lah apa-apaha
ya tek inum! Mawen ngenyang, kaya nang warung bae…?”.
Kambi mesem, lik Karjo banjutan mlebu ngumah. Ora let suwe,
lik Karjo metu nggawa baki sing isine wedang teh kroncong rong gelas, banjutan
gedhang godhoge sepiring. Tembe grok njagong, teka pak Taryo sing tegin nganggo
klambi dines merga bar bali mulang. Lik Karjo dadi ngomong : “Lha ngeneh kiye
mas Guru, kebeneran agi medangan. Agep medang kopi apa teh?. Mumpung kae
wedange tegin panas, tembe ngentas sekang pawon...!”.
Pak Taryo mangsuli : ”Beningan bae Lik, inyong agi ngilari
legi, gulane agi madan duwur koh...!”.
Bosa wis njukutna banyu putih, lik Karjo banjutan takon : ”Degawe
keraya-raya kosi urung genti klambi acan, ana perlu kambi inyong apa Rasmad?”.
Pak Taryo mangsuli : ”Kiye, inyong ana perlu kambi kang
Rasmad, agepan prentah ngesuk kon nawu blumbang iring lor kali sing tek ingoni
grameh...!”.
Weruh nang padon akeh tumpukan kandhi isi gabah, pak Taryo
dadi ngomong maning : ”Banene lumangyan gole panen, olih pirang dacin kuwe
Lik...?”.
Lik Karjo mangsuli : ”Ya madan korup, ing atase agi kae akeh
sing rubuh merga keblaburan, tegin bisa metu kasil rolas dacin garing, kuwe wis
kepotong bawon...! Lemah rongatus ubin metu semono ya mupakat lha...!”.
Si Rasmad kambi mangan gedhang godhog, ora menjep ora mesem,
ijig-ijig ngomong : ”Kasile korup, naminge rika ya ora sugih-sugih ya ...?. Lha
kuwe bisa olih panen sing mupakat, apa enggane ya ndadak rembugan dhimin...?”.
Wong loro, pak Taryo kambi lik Karjo sekal padha gemuyu.
Malah lik Karjo kosi keselek gole gemuyu, merga agi nginum teh kronconge.
Pak Taryo dadine semaur : ”Kang Rasmad lha ana-ana bae lho...
Cara-carane agi madhakna kambi wong sing nang tivi, sing kesangkut prekara
korupsi dhuwit kosi milyaran apa?”.
Lik Karjo mangsuli : ”Lah... Ari inyong soten, olih
sepira-piraha ya tek sukuri, merga kuwe wis dadi rejekine inyong. Ora kosi
sugih ya ora papa, sing penting awak waras uga duwe beras. Sukurbage tegin ana
lewieh kena nggo njajan putu...!”.
Pak Taryo dadi melu bae ngomong : ”Bener Lik, sing penting
sukur, seneng ulur-ulur, mengko dadi sugih sedulur...!. Kaya kiye siki, lik
Karjo nyuguh wedang ya klebu ulur- ulur dadi nambah sedulur, merga wedang kuwe
jere marekna gawe kadang. Nggo ngapa bandhane kosi mambrah-mambrah naminge ora
berkah, undur-undurane malah gawe masalah...!”.
Ngrungokna tembunge pak Taryo sing dawa mau, delepe kang
Rasmad ya tegin bae semaur. Gole ngomong madan kangelan merga agi mangan
gedhang : ”Enyong jane sokan dadi kesuh, lha wong gole ngumpulna be angel cut
semendhing, bosa wis kumpul malah mlebu meng sak-e dewek. Magate kabeh mau kuwe
anu hak-e wong se-pirang-pirang mbokan...?”.
Krungu tembunge kang Rasmad, kambi mesem lik Karjo ngomong :
”Nyong tah anu wong ora pengalaman, agepan ora ngurusi prekara ayakuwe. Pijor
bae, toli ana wong sing lewih pinter sing teyeng ngrampungi prekara kuwe.
Kewajibane inyong ya meng sawah ngrumat tanduran. Mengko ari tekan titi wanci
Bau-ne nagih dhuwit pajeg pekarangan utawane sawah, inyong ya mbayar. Mbuh
kepriwe carane wong nyatane anu kewajiban, ya kudu di-tetepi...!. Siki manjuh
bareng-bareng pada ndonga bae, muga-muga sing wis padha kebanjur gegen mareni
ora mbileni. Lan sing penting maning, kabeh sing kebukti salah bisa nampa
paukuman sing imbang kambi keluputane..!”.
Mawen deomongi, wong loro banjutan bareng-bareng padha
ngamini dongane lik Karjo mau...
”Masuk angin bali sekang kota, olieh watu ngarah nang
kedhung”.
Semene dhimin nyong gole crita, liya wektu kena de-sambung...
”Lawueh welut, segane pera, Salah luput, njaluk ngapura..."
Klamiiit...


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !