![]() |
| Republik Dablongan (sumber : www.republikdablongan.com) |
DOKTER LAN KAKI-KAKI
KAKI-KAKI : "Dok, tulung Kakine dewei 'obat tidur',
merga pirang-pirang dina kiye jan angel pisan turune, koh...!".
DOKTER : "Kiyeh, Ki... Rika tek wei obat telung
werna. Sing abang kanggo ngimpi ketemu kambi Yuni Shara...!".
KAKI-KAKI
: "Ihiiirrr... Maen pisan kuwe...!".
DOKTER
: "Kiye sing putih kanggo ngimpi ketemu kambi Ayu Ting Ting...! ".
KAKI-KAKI
: "Weeeh... Pak Dokter lha pinteran pisan, ya...?".
DOKTER
: "Sing kuning kiye kanggo ngimpi ketemu kambi Luna Maya...!".
KAKI-KAKI
: "Jaaan, ngedab-ngedabi pisan kiye obat-abate ya... Lha ari inyong nginum
obat telu kuwe bareng sisan gawe, kepriwe iloken Dok...?".
DOKTER
: "Ari Kakine nginum obat telu kuwe bareng sisan gawe, Kakine mengko
ketemune langsung kambi Nike Ardilla...!".
GEDHUBRAAAGG....!!!
Pasien
Kaki-kaki kuwe sekal njimprak kaget, tiba kejengkang ngathang-ngathang, kosi
untu palsune copot...
He...he...he...He... he... he...
Catetan : de-olah lan de-Banyumasaken sekang BBM-e Alexsander Rosaline Sandra
VETERAN TUA
Jendral tua metu sekang kakus, kelalen ora nutup sleretan kathoke.
Weruh ayakuwe, ajudane ngelingna, "Njaluk ngapura Jendral, gerdhu jagane urung detutup..!".
JENDRAL : "Wis koh, inyong miki weruh dhewek..!".
AJUDAN : "Njaluk ngapura, urung Jendral..!".
JENDRAL : "Deomong wis, koh tegin ngeyel..?".
Si Jendral banjutan lunga kambi jengkel. Ora let suwe, si Jendral sadhar yen menawa sleretan kathoke tegin mbukak.
Dheweke gegen bali maning nemoni ajudane, banjutan takon, "Nalika gerdhu jagane miki mbukak, apa Ko weruh ana perwira gedhe dhuwur sing agi ngadeg gagah pisan...?".
AJUDAN : "Njaluk ngapura Jendral, inyong mung weruh veteran tua sing brewoken agi ngethuthur, nganggo pelampung...!".
GEDHUBRAAAGG....!!!
Si Jendral Tua sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang....
He...he...he...
(Dening Agus Waluyo, Redaktur Dablongan Kabare Bralink)


Mantep, Gan, lanjutkan gole gawe dablongan :)
ReplyDelete