![]() |
| (Kabare Bralink/Yahoo) |
Menejer
SDM (M) sewijining Prusahaan agi mawancarai calon-calon pegawe (C)
sing padha nglamar kerja.
M
: Ko duwe montor apa ora...?
C
: Mboten...
M
:Ora ketampa...!
C
: Lho, kenging napa mboten ketampi...?
M
: Mengko Ko mesthi njutan njaluk bantuan kridit nggo nicil montor...!
C
: Sejatosipun kula nggih gadhah, nanging taksih wonten dusun. Gampil
mangke kula bekta mriki...!
M
: Wah, ari kayakuwe ya malah ora ketampa...!
C
: Lho, kok ngaten...?
M
:Ko ngerti apa ora..? Papan parkire Prusahaan kuwe wis sesek pisan.
Ari ketambahan siji maning nggone Ko, mengko ya dadi sengsaya
untel-untelan ora karuan...!
M
: Apa bener Ko wis lulus sarjana temenan...?
C
: Leres sampun, Pak...!
M
: Ora ketampa...! Ngkene butuhe lulusan SMA utawa sing sedrajat.
Kejaba lewih kepenak deatur uga murah bayarane...!
C
: Emmm... Sejatosipun kula niki taksih badhe skripsi...!
M
: Lah, ya malah ora ketampa...!
C
: Lho, kados pundi si, Pak...?
M
: Mengko Ko pegaweyane mung ngetik skripsi, njutan ari wis lulus
mesthi golet kerja neng prusahaan liya...!".
M
: Anakmu akeh apa sethithik...?
C
: Kathah Pak...!
M
:Ko ora ketampa..!
C
: Kenging napa si...?
M
:Nyambut gawemu bakal ora jenjem, mung ketungkul mikir butuh. Ora
kebeneran mengko malah korupsi...!
C
: Lah... Jane kula mboten gadhah anak. Namung keponakan sami nganggep
kula Rama lha enggih...!
M
: Tambah ora ketampa ari pancen kayakuwe...!
C
: Lho, sebabipun napa...?
M
: Mengko gole nyambut gawe ora semangat, aras-arasen ora kepengin
maju merga rumangsa ora duwe tanggungan...!
M
: Ko wis ngerti gaweyanmu apa urung...?
C
: Dereng niku...!
M
:Ko ora ketampa...!
C
: Kok saged mekaten...?
M
: Lha wong agep nyambut gawe koh ora ngerti apa pegaweyane...?
C
: Ooo, menawi pedamelan sing niku kula mpun ngertos, Pak...!
M
: Tambah ora ketampa...!
C
: Lho, kepripun si...?
M
: Ko paling mung agepan keminter thok mbokan...?
M
: Ko teyeng nganggo internet apa ora...?
C
: Mboten, Pak...!
M
: Ko ora ketampa...!
C
: Sebabipun...?
M
: Prusahaan ora nampa calon pegawe sing PI (Picek Internet)...!
C
: Emmm, sejatosipun kula nggih saged...!
M
: Malah sengsaya ora ketampa...!
C
: Lho, kok saged kados ngaten...?
M
: Mesthi Ko ora kober nyambut gawe, merga kakehan dolanan Internet,
mung ketungkul pesbukan kambi twitteran thok...!
M
: Ko jane waras apa ora...?
C
: Lha kepripun, kula nggih waras lah, Pak...!
M
: Ora ketampa...!
C
: Kenging napa si...?
M
: Mengko Ko mesthi ora gadhang betah neng ngkene...!
C
: Niku riyin, Pak, samenika sampun radi edan koh...!
M
: Ya malah ora ketampa ari kayakuwe tah...!
C
: Kepripun si niki...?
M
: Ari kayakuwe, mengko inyong ya dadi duwe saingan...!
GEDHUBRAAAGG...!!!
Kie
managere sing ora waras apa calon sing diwanacara sing ora waras?
si
calon pegawe sekal tiba kelumah, kejengkang kosi guling-guling...
akakakkakakakaakakk...
(Kabare
Bralink/Agus Waluyo)


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !