DOSEN KAMBI MAHASISWANE
Neng
ruang kuliah, dosen senior sing pancen kewentar 'kereng' agi ngomehi
mahasiswane...
"Mung
kon njawab thok bae ora jegos, eee malah glewehan kambi kandhah dhewek. Njawab
soal kayakuwe bae koh mahasiswa semene akehe ora nana sijia sing teyeng. Ora
nana paedaeh kuliyah dine kiye. Siki ayakiye bae... Sing rumangsa lengob jajal
NGADEG...!!!", si Dosen ngomong kambi nggentak, katon medhegel pisan.
Sewetara wektu kahanan kelas sekal
amleng, babar pisan ora nana mahasiswa sijia sing wani nyuwara.
Ijig-ijig
bae, sekang dheretan bangku iring mburi ana salah siji mahasiswa sing ngadeg.
DOSEN
: "Dadi Ko bener-bener yakin temenan lamon Ko kuwe sing LENGOB...?".
"Ora
ayakuwe Pak... Inyong kiye mung ora tega bae, weruh Mpean NGADEG
dhewekan...!", semaure si Mahasiswa.
GEDHUBRAAAGG...!!!
Si
Dosen sekal njundhal kaget, tiba kejengkang ngathang-ngathang, kosi kacamatane
ucul....
He...he...he...
Dening Agus Waluyo, Redaktur Budaya Kabare Bralink
Foto : www. rifkiadhis.blogspot.com


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !