TULUNG NGOMONGNA
Neng sewijining bar,
bujang nom sing prawakane krempeng agi njagong leyeh-leyeh dhewekan... Ora let
suwe, mlebu meng ngonoh Preman sing awake gedhe dhuwur pangkel, tur kebek
tatto.
Si preman medheki bujang
nom krempeng kuwe, njutan ijig-ijig njejek rosa pisan,
“Ciaaaat...
Bhuggg...!!!”.
Cetha bae, bujang nom
kuwe sekal nglemparak, tiba sekang kursine.
Nalika
menyat, si preman ngomong kambi sombong, "Kuwe miki TAEKWONDO sekang
KOREA...!".
Merga
wedi, si bujang nom babar pisan ora nanggapi.
Si
bujang nom njutan njagong maning neng kursine. Ningen ora let suwe, si preman
medheki maning njutan mbanting dheweke, "Gedhubraggg...!".
Bujang
nom krempeng kuwe sekal kontal kaya debalangna. Nalika dheweke menyat, si
preman ngomong, "Kuwe miki JUDO sekang JEPANG...!”.
Bujang
nom krempeng kuwe tetep meneng bae, ora ngomong sekecap-kecapa. Alon-alon, dheweke menyat njutan njagong maning neng kursine.
Ora let suwe, si preman
delepe mereki maning njutan njotos, "Dhiiigg...!". Bujang nom sing
tembeke bae njagong kuwe, tiba maning sekang kursine. Babar pisan ora duwe rasa
melas, si preman ngomong, "Kuwe miki BOXING sekang AMERIKA...!".
Si Bujang nom krempeng
krasa lamon lambene pecah lan ngetokna getih. Kambi ngosodi getih sing ndlewer
neng pipi nganggo gigir tangane, bujang nom krempeng menyat. Dhaglugan mlakune
kaya wong dhengklang, dheweke lunga metu sekang bar lan ora bali meng kursine
maning.
Ora suwe sekang kuwe,
Bujang nom krempeng mlebu meng bar njutan marani si Preman sing kebeneran agi
nginum. Sekang iring mburine si Preman, degawe ora ngomong sekecap-kecapa,
Bujang nom njutan bae nyampluk cengele si Preman.
"Blethoookk...!!!".
Si preman sekal bae tiba
njrengkanang lan semaput.
Si Bujang nom krempeng
kuwe jane agepan ngomong meng si Preman, ningen detunggu koh ora tangi-tangi.
Mula dheweke njutan medheki sing duwe Bar lan ngomong, "Pak, mengko ari Premane tangi, tulung ngomongna meng dheweke lamon sing miki kuwe GEJIG sekang GUDHANG...!".
Dening Agus Waluyo, Redaktur Budaya Kabare Bralink


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !