BOJONÉ SAINO PURIK
Saino rumangsa getun utawa ngajog, sewisé padu ramé pisan kambi bojoné. Kosi ndadékna bojoné sing aran Katmi dadi purik, bali meng wong tuané..
Krasa sepi lan nglangut, mula dhéwéké njutan nilpun Katmi, agep njaluk ngapura lan préntah kon bali meng umah.
SAINO : "Mi, inyong rumangsa ngajog temenan, wis ngoméhi ko kosi kayakaé, malah kosi kewetu tembung sing ora semesthiné. Inyong njaluk ngapura, lan tek jaluk ko gagéan bali ngénéh, jalaran inyong tégin tresna lan kangen temenan kambi sliramu, Mi...!".
KATMI : "Neng pereké rika siki, ana gelas...?".
SAINO : "Appaaa...?. Gelas...?. Ora nana. Kepriwé si...?".
KATMI : "Ari ayakuwé jajal meng pedangan lan jimot gelasé, siki...!".
SAINO (bingung) : "Kayané ko lha wis ora bérés, lho... Ningén ora papa, inyong manut. Ya wis, tek jimotna..!".
KATMI : "Balangna gelasé meng mestér...!".
SAINO : "Iya, wis tek balangna...".
KATMI : "Siki balékna gelas kuwé kaya mauné maning. Ora gadhangan téyéng mbokan...?. Semana uga atiné inyong, Kang...!".
SAINO : "Ningén kiyé gelasé ora pecah babar blas, tégin wutuh jetuh. Lha wong sing tek balangna anu gelas plastik koh, Mi...!".
KATMI : "Iiiih.... Ya wis, bubar Mahgrib gagéan pethuk
Inyong, ningén mengko labas nyroto ya...?!".
SAINO : "Ihiiiiiiirrr...!!!".
Saino sekal jimprakan, dhéngklék njutan ibing-ibingan merga saking bungahé...
Hé... hé... hé...
kabaré BRALINK
tabloidé wong Purbalingga
(de-olah lan de-Banyumasaken sekang crita kirimané mas Nunung Setyo Nugroho neng Grup BBM)
* Purik : ninggalna bojo merga kesuh.
Kabare Bralink / Agus Waluyo
Foto ilustrasi : www.tribunews.com


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !