BRIKING NYUS DINA KIYE
PENCURIAN : Wegah detudhuh nyolong sandhal, si bocah nom nekad nyolong sepatu
DIPUTUS : Ndeyane merga rumangsa ora kuat bubar de-putus neng pacare, prawan tanggung sebut bae R sing asale sekang Gunungtugel, nekad nggolet pacar maning.
GLOBALISASI : Kewatir mbokan depoyoki kanca batir lan dearani keri njaman, Nini-nini neng Garut nekad masang behel neng untu palsune.
HIBURAN : Kepeped butuh, nini-nini umur 70 taun neng Bandung ngedegna 'girlband'...
* cibi,, cibi,, cibi,,
AMNESIA : Wong Lanang dekabarna ninggal merga kelalen ora ambekan.
LAPINDO : Kanggo nyukupi butuh saben dinane, warga Lapindo njutan mbangun objek wisata pemandian kolam lumpur panas
PERSELINGKUHAN : Kayane merga 'cemburu buta', Si Wong Lanang njutan ngudarasa (konsultasi) meng dokter mata.
PERKOSAAN : Detuduh merkosa sekertarise dhewek, si Direktur njutan ngaku dheweke homo.
KASUS : Kewenangan turu neng gili, 'Polisi tidur' depecat.
PERDAGANGAN : Kewatir mbokan wong sing tuku (konsumen) nasibe dadi apes, si Bakul Bakso njutan nggenti jeneng bakso MALANG dadi bakso UNTUNG.
Cukup semene dhimin Briking Nyus kanggo dina kiye, ketemu maning neng wektu sejen...
He... he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang guyonan sing tek waca neng KST)
Kabare Bralink/Agus Waluyo
Sumber foto : www.cise.ufl.edu


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !