USTADZ GAPTEK
Rampung aweh tausyiah, si Ustadz njutan aweh wektu kanggo jama'ahe, mbokan ana prekara sing agepan detakokna...
JAMA'AH : "Ustadz, kepripun ukume tiyang nggeluti 'dunia maya' ?".
USTADZ : "Ari si Maya kuwe udu muhrime, cetha ukume HARAM...!!!".
JAMA'AH : "Nyuwun ngapunten, Maya niku sanes tiyang estri, Ustadz..!".
USTADZ : "Apamaning koh kayakuwe..!. Nggeluti padhadene wong lanang, ora liya-liya ya neraka jahanam kuwe papan dununge..!".
JAMA'AH : "Maya niku sanes tiyang jaler napadene estri, Ustadz... Amargi piyambakipun niku mboten gadhah WUJUD...!".
USTADZ : "Astaghfirulloh... Kuwe jenenge wis sekutu kambi syaiton, cetha-cetha musyrik kuwe...!!!".
GEDHUBRAAAGG...!!!
krungu wangsulane si Ustadz sing kayakuwe, si Jama'ah sekal njimprak kagét, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang...
He...he...he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang crita krimane mba Lina A Priyanto)
Kabare Brlaink / Agus Waluyo
Foto : www.asaarham.blogspot.com


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !