Awake
dhewek wajib ngati-ati, merga siki tembe kewenangan lamon mangan
jeruk nipis kuwe cempulek bisa marekna lemu utawa awake dadi
kelewihen bobot. Mesthi rika mbatin, kenangapa deneng woh jeruk sing
kandhungan pitamin C-ne dhuwur pisan kuwe koh teyeng marekna gajih
(lemak) neng awak dadi sengsaya tambah...?
Sewise
detliti kanthi temenanan neng para Ahli Gizi lan Nutrisi sekang
pirang-pirang Perguruan Tinggi sing kewentar neng Indonesia,
detemokna bukti sing babar pisan ora denyana seurunge. Cempulek
kandhungan neng jeruk nipis kuwe ana kecampuran rawon, sroto ayam,
sroto sapi, sop buntut, kikil sapi lan tongseng, kuwe bae tegin
ketambahan sega putih angete kosi sepiring munjung, sing marekna
gajih (lemak) neng awak dadi sengsaya tambah, sing ndadekna awak dadi
sengsaya abot utawa lemu..
Mulane
sedulur...
Siki
kudu sing ngati-ati lan depikir temenanan nalika rika agepan padha
mangan jeruk nipis.
Kudu
ngati-ati lan depilih temenan, panganan apa sing agepan rika pangan
neng saben dinane, kon sangkane rika dadi tetep padha sehat.
Cukup
semene, muga-muga mampangat.
***
Bungah
pisan rasane, wis teyeng aweh lan mbagi inpo sing mampangat kanggo
sepadha-padha.
Nek
kayak kie tah ora takon maning ya, kie dudu jeruk nipis e sing gawe
lemu, tapi sroto sapine kue, hahahahaha =))
(Kabare Bralink/Agus Waluyo)


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !