![]() |
| Mau Diperiksa?? - Brilio |
Dina kuwe, Darsim sing tembe dadi dokter, olih tugas sekang kepalane, dadi dokter bantuan neng sewijining Puskesmas Desa.
Pasien pertamane jenenge Sumiyatun, sing nggendhong bayi cilik gering, kencoten, klemer pisan katon yen kurang gizi..
DOKTER DARSIM : "Lare niki biasane mimi susu formula napa ASI, Yu...?".
SUMIYATUN : "Nggih ASI pak Dokter..!".
DOKTER DARSIM : "Nanging koh lare niki ketingal kurang gizi… Cobi mriki kula tingali ASI-nipun, Yu..!".
Sumiyatun manut njutan mbukak klambine semendhing..
DOKTER DARSIM : "Nuwun sewu Yu, kula cepeng nggih?. Kalih ajeng kula cek wonten gangguan napa mboten..!".
Sumiyatun jan-jane bingung, nanging ya manut bae...
DOKTER DARSIM : "Lhooo, sae sae mawon koh Yu.. Cobi kula sedhote nggih, medal napa mboten ASI-nipun...!".
Sumiyatun sengsaya bingung, nanging ya mung manut bae, ora ngomong sekecap-kecapa....
SUMIYATUN : "Sampun napa dereng Dok..?".
Kambi klamut klamut si Dokter mangsuli, "Lhooo... Koh mboten medal ASI-nipun sekedhik acan Yu...?".
SUMIYATUN : "Nggih cetha mboten medal Dok, lha wong kula niki Uwa-ne, sanes Biyunge lare niki...!".
GEDHUBRAAAGG...!!!
Krungu wangsulane Sumiyatun, Dokter Karsim sekal njundhal kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang...
Hé...hé...hé...
😀
😃
😆
(de-Banyumasaken sekang crita kirimane sedulur)
Dening : Agus Waluyo ( Kabare Bralink)


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !