GURU SD NENG NDESA
![]() |
| Guru SD Cantik - merdeka.com |
Si Saino kuwe ari prekara etung-etungan tegin nganggo jenthik. Merga dheweke tegin klas 2 SD, neng ndesa sisan.
Gurune wis apal kecepal kambi polahe si Saino kuwe mau...
GURU : "No... 6 + 4 ana pira...?".
Detakoni gurune, Saino tangane wiwit ngetung nganggo jenthik...
Detakoni gurune, Saino tangane wiwit ngetung nganggo jenthik...
GURU : "Hayo... Ora pareng nganggo jenthik, No!".
Depenggak kayakuwe, Saino kaget. Njutan bae tangan loro-lorone delebokna meng sak kathok kiwe lan tengen kambi uthak uthik jenthike wiwit ngetung....
GURU :"Pira ketemune, No?".
SAINO : "Sewelas, Pak...!".
Nampa wangsulan kayakuwe sekang Saino, pak Guru mung mesem kambi mbatin... "Mesthi lenthise melu bae ke-etung. Inyong dhewek gemiyen ya kaya kuwe...".
He... he... he...
😁
😃
😆
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
tabloide wong Purbalingga
(Ngolah semendhing sekang kiriman WA-ne mas TW)
*lenthis : lele cilik*
Tanjung Balai Karimun KEPRI, Senen Kliwon 19 Pebruari 2018
Dening : Agus Waluyo


0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !